Jumat, 24 Maret 2017

pidato bahasa jawa tentang lingkungan sekolah



Lingkungan Sekolah

           Ingkang dhahat kinurmatan bapak kepala sekolah
 Saha dhumateng para rencang sedaya ingkang kawula tresnani

Assalamualaikum Wr. Wb…
         Monggo sedaya ngaturaken puji  lan syukur dumateng kersane Gusti Allah SWT amargi berkah lan karunianipun kito sedaya saget dumugi wonten mriki sehat walafiat.

         Para rawuh ingkang bahgia
         Ibu guru lan rrencang-rencang ingkang kulo tresnani, sakderengipun ngawiti pidato niki kolu badhe ngilingaken sedaya sekaliyan slogan ingkang wonten koridor sekolah inggih meniko”Jadikan sekolah kita sehat, nyaman, aman, dan damai”,”Tanamkan cinta pohon sejak dini”. Nanging nopo slogan-slogan meniko sanget memotivasi kita sekaliyan supoyo saget ngamalaken? Kita sering meriksani para rencang ingkang mbucal sampah sembarangan, saget kertas utawa bungkus permen.

       Dateng kamar mandi nggeh sami. Sering kita nemokaken murid lanang utawa wadon kirang jaga kebersihan kamar mandi. Contonipun, mboten nyiram toilet sakwise mbucal, corat coret tembok kamar mandi, lan mboten ngagem sandal menawi dating kamar mandi. Perkawis meniko perlu di ilang ake lan di adoh ake amarga saget nyebabke ambu lan pemandangan ingkang mboten nyenengaken.

      Para rawuh ingkang kulo tresnani
      Lingkungan sekolah sejatinipun kedah katon resik, seger lan nentremaken, supados menawi belajar, kita sedaya mboten male terganggu kale sampah. Saben kelas kedah sampun gadah jadwal piket, pamrihipun sedoyo sekaliya dumugi kawitan supados wayah pelajaran ingkang enggal sampun saget di pun kawiti, lingkungan kelas dados resik lan nyaman di pun panggoni. Ingkang dados pamungkasan kulo badhe nyampekaken pepatah”kebersihan adalah sebagian dari iman “. Mulo kulo ngarepaken poro rencang peduli lan sadar kale pentingipun jagi kebersihan

   

  Para  rawuh,
     Eglek-eglek suarane cikar.Impying-impying suarane dokar. elek-elek pidato gak gentar. Eling-eling pancene sek belajar.Nang pasar tuku selasi. Cukup sekian terima kasih,
 Wabillahi taufiq wal hidayah
Wassalamualaikum Wr Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar